ADAB-ADAB NGAOS

ADAB-ADAB NGAOS

( Kitab Tanbihul Muta’alim, Ahmad Maisur Sindi aththursidi min a’mal purworejo, maktabah wa mathba’ah thoha putra semarang)
jelasaken:
” Tiyang ngaos puniko anggadahi pinten-pinten Adab  ingkang pinurih dening Syara’ Setengah saking Adabipun inggih meniko
Nomer (1) Yen badhe malebet dateng papan pengaosan, sunnah sesuci wudhu’ , ngangge penganngge ingkang resik tur suci lan ngangge wangi-wangi, lan siwakan, supados dumugi ing papan pengaosan  sampun sae lan rajin.
Nomer (2) Setengah saking adabibun ngaos inggih puniko nyawisaken perkawis-perkawis ingkang badhe dipun betahaken nalikonipun sinahu, supados anggenipun hadir wonten ing pengaosan sampurno boten perlu mendet malih jalaran taksih wonten ingkang kirang.
Nomer (3) Setengah saking adabipun ngaos inggih puniko lungguhipun kedah Jamtiko (anteng) lan ajrih dateng ustadz lan ‘ilmu wonten ing panggenan ingkang ‘edeng  ingkang patut  kaliyan adab, tegese boten ketebihan lan boten kecelaan ingkang ajek sarana madep dating ustadz lan dateng kiblat.
Nomer (4) setengah saking adabipun tiyang ngaos inggih puniko ngawiti pengaosan sarana maos bismillah alhamdulillah lan sholawat dateng kanjeng nabi sakwarga shohabat.Lan nyuwun dateng gusti Alloh ing taufiqipun dating ilmu. Semanten ugi yen mungkasi inggih sarana maos alhamdulillah.
Nomer (5) Setengah saking adabipun ngaos inggih puniko ninglingaken dateng wewucalan ingkang sawek dipun terangaken dening ustadz ngudi pahamipun, lan bendeli lan berate perkawis-perkawis ingkang dereng faham supados mangke dipun suwunaken keterangan dating ustadz sahinggo faham.
Nomer(6)  setengah saking adabipun ngaos inggih puniko yen wangsul saking pengaosan dumugi griyo terus muraja’ah wucalanipun ingkang nembe puniko ngantos pindah dating manah. Semanten ugi dipun muraja’ah malih naliko badhe malebet malih supados  ‘ilmu tetep estu wonten ing manah kanthi kacancang.
Nomer (7) Setengah saking adabipun ngaos inggih puniko supados ngangge pekerti ingkang sahe lan budi ingkang luhur tansah ngudi minggah dating kaluhuran. Amargi tiyang ingkang murih dating “ilmu Syara’ puniko estu –estu katungkul murih dateng langkung inggil-inggilipun perkawis dunia lan agami.
Nomer (8)  Setengah saking adabipun ngaos inggih puniko kedah halal ingkang dipun tedho lan dipun engge. Semanten ugi alatipun ngaos. Amargi puniko perkawis ingkang dados sebab padang lan beningipun manah  patut dados papanipun “ilmu.
Nomer (9) Setengah saking adabipun ngaos inggih puniko  supados ngidikaken perkawis-perkawis ingkang mubah. Lan kedah nebihi pendamel ingkang naterapaken  kedosan. Amargi dosa setunggal puniko kemawon  sampun dados reged kecit wonten ing manah.Ngendiko imam Syafi’I Rahimahullohuta’ala mekaten : ora tumeko kabekjan kang sampurno wong kang ngulati ‘ilmu sarto mulyane  awak  lan jembare ma’isah.
Nomer (10) setengah saking adabipun tiyang ngaos inggih meniko kedah nemen-nemenni nyaeni tiyang sepah kalihipun  lan yen tiyang sepah kalih wau sampun sedo, supados du’aaken lan ngantunaken  ganjaranipun  “amal sahe.
Nomer (11) Setengah saking adabipun tiyang ngaos inggih puniko kedah nekodaken luhur lan unggulipun ustadz supados nyoto ing tembe saged dados tiyang ingkang tampi  kabejan.
Nomer (12) setengah saking adabipun tiyang ngaos inggih puniko supados nemen-nemenni damel ridhonipun ustadz. Lan nemen-nemenni ngegungaken ustadz kanthi ikhlas. Amargi puniko setengah saking perkawis ingkang dados sababipun murid dados tiyang utami.
Imam Baihaki  nyaritaaken hadist marfu’ saking sohabat abi Hurairah RA : Andap asoro siro kabeh maring wong kang kok sinahui.Syekh Mughiroh puniko ajerihipun syekh ibrohim kados ajrih dateng ratu.
Nomer (13) Setengah saking adabipun ngaos inggih puniko sampun ngantos  pindah-pindah. Damel boten sekecane utawi bosenipun ustadz. Sebab ngundamana utawi lintunipun. Amargi puniko dados cacad ingkang ngewohaken faham lan ngerisak pekerti.Malah menggahipunipun syekh ibnu sholah nguwatosaken sanget kinalingan saking manfa’ati ilmu.
Nomer (14) Setengah saking adabipun ngaos inggih puniko nyuwun idzin dateng ustadz yen boten saged melebet. Jalaran wonten ‘udzur kaliyan nerangaken “udzuripun.
Nomer (15) setengah saking adabipun  ngaos inggih puniko  kedah ngetok karosan anggenipun ngudi ngasilaken  ‘ilmu sahingga hasil, amargi ‘ilmu puniko boten saged dipun pekoleh sarono  enak-enakan ipun badan lan angguran-angguran.
Nomer (16) Setengah saking adabipun ngaos inggih puniko awalipun nyumerapi lafadzipun.Lajeng lughahipun I’rabipun lan maknanipun manthuk lan mafhumipun kanthi nyataaken  dateng sedaya wau lan kanthi ngekahaken hafadzipun perkawis-perkawis ingkang dados  musykil lan seratanipun.Amargi tiyang ingkang murih ‘ilmu namung ngalap cekap waton nyerat lan mirengaken boten nyumerapi lemban-lembanipun ilmu sarana maham makna-maknanipun, lughahipun lan I’rabipun saterusipun puniko namung tampi kangelan kemawon boten angsal punopo-punopo.
Nomer (17) Setengah saking adabipun Ngaos inggih puniko kedah dipun rembak kaliyan para ahli ‘ilmu, amargi gesangipun ‘ilmu puniko kanthi rembak.
Nomer (18) Setengah saking adabipun Ngaos inggih puniko: Anggenipun hafadhaken  “ilmu kedah kanthi pangkat-pangkat  medal sakmasalah-masalah.Yen makaten insyaalloh mekoleh punopo  ingkang dados pengajeng-ajengipun. Amargi tiyang ingkang anggenipun murih “ilmu puniko kanthi borongan puniko lajeng kecalan boronganipun ‘ilmu ingkang dipun purih kalawau. Yen ngaten lajeng kasiyo-siyo tenaganipun.
Nomer (19) Setengah saking adabipun ngaos inggih puniko : Supados wekdalipun dipun bagi-bagi ingkang supados nyampeni hak-hakipun wekdal, sampun ngantos  wonten wekdal ingkang khothong  saking hak. Jalaran piyambake boten saged nyampeni amargi boten dipun bagi wekdalipun.
Nomer (20) Setengah saking adabipun ngaos inggih puniko supados sedoyo perkawis dipun tata ingkang rajin lan salah setunggalipun perkawis dipun dunungaken panggenan ingkang ajek.
Lan nomer (21) kedah nyateru sifat aras-arasen  lan bosen.
Nomer (22) Setengah saking adabipun ngaos inggih puniko ngatah-ngatahaken deres ing wanci dalu kanthi muthola’ah. Langkung-langkung wonten ing wanci sahur, supados saged nusul kaliyan poro Ulomo.
Nomer (23)Setengah saking adabipun ngaos inggih puniko sampun ngantos pindah-pindah remen gegampil dating hafadz lan nanggung ‘ilmu dumeh sampun gampil.
Nomer (24)Setengah saking adabipun ngaos inggih puniko sampun pindah-pindah isin lan gumede boten purun ngalap ‘ilmu saking tiyang ingkang sangandape menggah nasabipun utawi ngumuripun utawi lintunipun. Boten saged tampi ilmu tiyang ingkang isin utawi gumede . Ngalap ‘ilmu ugi saged menawi sampun wonten toyo ingkang ilinipun mingggah. Utawi menawi sampun wonten gagak petak. Tiyang ingkang boten purun nanggung inanipun sinaoso  wonten ing wekdal ingkang sekedik puniko badhe tetep wonten ing pinten-pinten inanipun sifat kebodohan salami laminipun.
Nomer (25) Setengah saking adabipun ngaos inggih  puniko kedah nyaeni  niyatipun , sekinten ikhlas lillahita’ala, boten sedoyo kangge ngarah bondho dunyo  ingkang asor, nebihi remen dados pengajeng lan nebihi remen dipun gungaken manungso. Leres piyambakipun sampun dados tiyang ingkang agung.Tiyang ingkang murih ilmu ingkang mestinipun katujuaken dating dzatipun gusti Alloh ta’ala. Ing mongko anggenipun murih ilmu wahu boten wonten malih anging kangge ngashilaken bondo donyo. Puniko benjeng dinten khiyamat boten saged manggih wangen-wangen suwarga medal saking golongane tiyang-tiyang ingkang sami manggih  wangen-wangen suwarga.
Nomer (26)Setengah saking adabipun ngaos inggih puniko sampun pindah-pindah anggeni ngaos. Puniko ilmunipun kangge pepadon utawi reriyan utawi anggak-anggakan lan gumede.
Nomer (27) Setengah saking dabipun ngaos inggih puniko supados  ngelampahi dateng ilmu-ilmunipun adab lan ilmu-ilmunipun fadhoilul a’mal. Amargi amal puniko dados zakatipun ilmu  lan dados sababipun hafadzipun ilmu. Peramilo sinten tiyang ingkang kepingin hafadz ilmu puniko supados ‘amal dating ilmu wahu.
Nomer(28) setengah saking adabipun ngaos inggih puniko yen sampun hasil ‘ilmu senajan naming sakkalimah supados dipun wucalaken dating lintunipun ingkang kanthi ikhlas lillahi ta’ala: supados sampun ngantos kelebet tiyang ingkang bakhil bil’ilmi.Yen mu’allim lan muta’allim puniko sampun ngempalaken pekerti puniko. Mongko estu-estu sampun sampurno nikmat ingkang agung. Inggih puniko yen mu’alim sampun  ngempalaken  asshobru. Tawadhu’, husnulkhuluk, mongko estu-estu sampun sampurno nikmat dating muta’allim. Lan yen muta’allim  sampun ngempalaken : al-aqlu, aladabu, husnul fahmi.Mongko estu-estu sampurno nikmat dating mu’allim. Lafadz ilmu naliko kasebat wonten ing kutubusyar’i tanpa qoyyid.puniko muradipun ilmul akhiroh. Lajeng ilmu-ilmu ingkang dipun sejo puniko wonten pitu. Meniko ingkang persangkutan, inggioh puniko nomer (1) ilmul ushul , inggih puniko naliko mutlaq murodipun ilmu ushuluddin, lan ugi nami ilmu ‘akhoid lan ilmu tauhid, inggih puniko langkung utami –utaminipun ilmu-ilmu pitu kalawahu. Peramilo kedah dipun sinahui rumiyin piyambak sahnggo hasil iman ingkang shohih.(2) ilmul qiroaat, (3) ilmu tafsir (4) ilmul hadist, (5) ilmu ushulul fiqh, puniko naliko muthlaq, tegeseipun namung kaucapaken ilmul ushul, boten saged nedahaken ushul fiqh, sagedipun nedahaken kedah dipun tepungaken kaliyan mudhof ilaihipun.
(6)ilmul fiqh, inggih puniko langkung wigatos-wigatosipun ilmu pitu  bakdane  shohihipun  ‘akhoidul iman. Lajeng nhothokipun ilmu fiqh puni8ko sawek  dados kaliyannipun ilmu thoriqoh; inggih puniko ilmu tasawuf. Peramilo lafadz shoufiu naliko muthlaq, puniko muradipun ahli thoriqoh. Lajeng kathokipun ilmu thoriqoh puniko ilmul hakikat. Peramilo tiyang melampah dateng akherat. Kedah sumerap  langkung rumiyin dating martabatipun piyambak, supados saged nyampeni dating hak-hak wajibipun, lajeng minggah miturut tartibipun syara’ lan miturut kekiyatannipun.

Alhasil
(1) Kedah ngasilaken iman ingkang shohih, sarono nyinahuni ilmul’akhoid kanthi cekap. Sekinten saged sumengkerih saking nalurine muktaqodipun sufaha’ ingkang bathil, lan boten badhe iltibas lan ikhtilad kaliyan bid’ah ingkang tuwuh saking ‘awaridhizzaman lan hawadidduhur. Amargi shohihipun iman puniko dados syaratipun selamet saking nar abadi.
(2)Kedah ngasilaken ilmu syari’ah ingkang cekap: inggih puniko ilmu fiqh lan imu tasawuf.
A. ilmu fiqh dipun sumerapi sedoyo isinipun ingkang nyekapi kaliyan adakan hal ihwalipun piyambak. Supados saged menuju dateng  arah keselametan wonten ing dhohiripun syariah.
B. ilmu tasawuf dipun sumerapi sedoyo isinipun ingkang nyekapi kaliyan  adakan hal ihwalipun piyambak. Supados saged menuju arah keselametan wonten ing batinnipun syariat.
C. Menawi kekalih puniko sampun cekap, lajeng mapan melampah ngambah thoriqoh khossoh kanthi guru ingkang khos ingkang sampun netepi sedoyo syarat-syaratipun menuju dating hakekat.
Nomer (7) Puniko ilmu thib, ilmu thib puniko kados ilmulfiqh menggah kawigatosanipun. Tapi poro tholabah sakpuniko sami ngelirwakake dateng ilmu thib. Buh sanget agengipun kerugenipun poro tholabah wahu .
Saking wigatosipun ilmu thib imam syafi’I ngendiko : ilmu iku mung ono werno loro : yoiku ilmu Fiqh kanggo perkarane agama lan i8lmu thib kanggo perkarane awak.Peramilo poro tholabah sampun ngantos ngelirwakaken sinahu ilmu thib. Imam ghozali ugi ngiyataken wujudipun pesinahon ilmu thib lan nuthuh kesepenipun pesinahon ilmu thib.
Sarehne ilmu pitu puniko sinejo sedoyo.Peramilo ilmu pitu puniko kedah dipun sinahuni sedoyo wiwit saking ingkang langkung aham. Lajeng ingkang langkung aham sak’andapipun .Mekaten selajengipun ngantos cekap sedoyo.
Sampun ngantos tholibul ‘ilmi puniko naming nyinahuni ilmu setunggal kemawon ngantos nelasaken ngumuripun. Punopo malih yen ilmu ingkang setunggal wahu sanes ilmu lazim, ngemohi ilmu ingkang lazim. Amargi ilmu puniko sampurnonipun lan tetesipun kanthi persambungan antawisipun setunggal lan setunggalipun. Cobi, sedeng tawon anggenipun mujudaken malam ingkang gadah khoshiah madangi wonten ing wanci dalu. Lan mujudaken madu ingkang gadah khoshiah marasaken pinten-pinten penykit biqudratillahi wairadatihi. Boten cekap naming ngangge madah setunggal. Wangsul ngangge pinten-pinten maddah saking sekar lan fakihah ingkang dipun kempalaken. Wasan mugi-mugi kitab tanbih puniko dadoso pepadang wonten geriyanipun tholib. Lan dados syifa’ dating awake tholib lan lintunipun. amin

Iklan

6 Comments

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s