NYEMAK UNSUR-UNSUR KE-ISLAM-AN ING GUNUNGAN

NYEMAK UNSUR-UNSUR KE-ISLAM-AN ING GUNUNGAN

Gunungan utawi kayon (kekayon) ing wekdal puniko sampun dados wohing kabudayan ingkang boten saged kapisahaken kaliyan gesangipun bangsa Indonesia. Senadyan wiwitanipun namung mujudaken salah satunggaling perangan, paraga, utawi elemen ing jagading pakeliran/pewayangan, mliginipun pakeliran wayang purwa (jawi), nanging ing wekdal samangke kekayon sampun minggah drajat, dados milikipun brayat ageng bangsa Indonesia.Wonten sawatawis bebadan, instansi, organisasi, kelompok saha pakempalan ingkang asifat nasional, ingkang ngginaaken simbol gunungan.Bab puniko nami limrah amargi gunungan nyimbolaken jagad raya ingkang taksih alami punapadene lingkungan alam ingkang taksih orisinal.

Kados ingkang sampun dipun ngertosi dening akathah, cundhuk kaliyan naminipun, gunungan gadaha wujud kados gunung ingkang inggil lan lancip.Ing perangan ngandap, wonten wewangunan kraton mawi kori saha gapura ingkang kajagi dening raksesa cacah kalih, lengkap kaliyan gadanipun. Ing satengah-tengahing gunungan pinanggih gambar kajeng ageng ingkang taksih gesang, kebak ron, lan kathah cawangipun.Ing cawing-cawang lan ranting-rantingipun kajeng wau, kejawi kathah gegodhongan saha sekaring taneman, uga saged dipunprangguli manekawarni sato kewan sarta kemamang (kala).Sato kewan ingkang pinanggih ing perangan utami (ngajeng) gunungan. Dene ing perangan suwalikipun adatipun dipunparingi werni abrit, gambaraken dahana/geni ageng ingkang nembe murub ngalad-alad.

Ingkang gesang

Gunungan ugi dipun sebut kayon utawi kekayon amargi ing ngriku pinanggih kajeng ageng utawi kayu (kayu-an/ ka-kayu-an) ingkang taksih gesang lan mujudake simbolipun alam raya ingkang taksih asli. Nanging ugi wonten pamanggih yen tembung kayon puniko asalipun saking tembung Arab hayyun ingkang ateges ingkang gesang.Bab puniko wonten sambetipun kaliyan sejarahipun gunungan ingkang mujudaken reriptanipun para Wali. Adhedhasar sengkalan memet ingkang pinanggih ing gunungan, inggih puniko dahana abrit ing suwaliking gambar utami. (Dahana Murub rahayuning Bawana), gunungan dipuntafsir karipta ing taun 1433 saka utawi taun 1512 Masehi.Taun kasebat jamanipun para wali (walisanga) makarya nyebaraken agama islam ing tanah Jawi.

Kados ingkang sampun kawuningan ugi, sasampunipun wayang katata ing kelir lan katancepaken ing debog, gunungan dipuntancepaken jejeg ing satengah-tengahipunsimpingan kiwa tengen. Tatanan ringgit makaten nggambaraken kawontenan naliko dereng wonten pagesangan. Ing wiwitaning pagelaran ringgit, Ki Dhalang njabut gunungan lan lajeng ngebah-ebahaken (Indonesia:memainkan)kayon wau. Puniko pratanda wontenipun pagesangan.Ing mriki, gunungan gadhah fungsi minangka pambukaning alam ingkang sampun kawarnani pagesangan. Salajengipun, gunungan dipun tancepaken miring ing simpingan tengen lan kiwa, minangka symbol kangge nggesangaken paraga-paraga wayang ing simpingan tengen lan kiwa.

Kejawi kangge nandhani dipunwiwitinipun pagelaran utawi wontening pagesangan, gunungan ugi gadhah fungsi sanes.Ing antawisipun kangge nengeri gantosing jejeran. Kala-kala kayon uga kaginakaken kangge gambaraken kawontenan ingkang boten pinanggih ing paraga wayang, upaminipun samodra, jawah ageng, angina lesus, guntur gelap, kawontenan ingkang “Kacau balau’, kabesmen/kebakaran ageng, lan akasa nginggil.

Ing pungkasaning pagelaran, gunungan temtu katancepaken malih ing satengah-tengahipun simpingan kiwa tengen.Punika kawastanan tancep kayon alias purnaning pagelaran utawa boten wontenipun malih pagesangan.

Kebak Simbol

Sinaosa naming awujud gunung lancip ingkang dipunrenggani gambar bangunan kraton mawi gapura lan raseksa kalih minangka panjagining kori, kanthi latar wingking kajeng ageng lengkap sato kewanipun, ewasemanten pepethan ingkang kagambar ing ngriku ngemot simbolisme filsafati.Bab puniko sampun kaandharaken ing buku-buku pedhalangan punapadene buku ingkang ngonceki unsure-unsur ke-islam-an ing pewayangan.

Kados ingkang dipunjlentrehaken dening Drs.Effendy Zarkasi (1977), gambar raseksa ing gunungan gadhah makna angka gangsal(5).Bab puniko kangge nggambaraken jumlahipun rukun islam, inggih puniko 5.Dene gapura puniko identik kaliyan angka sanga (9), nglambangaken cacahipun wali utami ing tanah jawi, inggih punika Wali Sanga.

Raseksa kalih ing sisih kiwa lan tengening kori minangka gegambaranipun malaikat kalih ingkang kajibah ngawasi manungsa, inggih puniko Roqib lan ‘Atid.Dene sato kewan pokok ing gunungan , cacahipun wonten 4 (macan, bantheng, kethek lan peksi) dados pralambanging napsu amarah, bantheng mralambangaken napsu lawwamah, khetek utawi munyuk lambang nafsu shufiyah lan peksi pralambanging napsu muthmainnah.

Magepokan kaliyan panancepipun gunungan, simbolisme ingkang kakandhut wonten gandheng cenengipun kaliyan pembageyan pathet.Kados ingkang sampun kawuningan, pagelaran wayang kulit kaperang dados 3 pathet : pathet ageng manyura, pathet 9 lan pathet manyura.Saben pathet gadhah iringan gamelan ingkang benten.Lan kangge nandhani gantosing pathet temtu kaginakaken kayon.Wonten ing pathet wiwitan, gunungan katancepaken miring ngiwa.Ingkang kaping kalih tegak, lan salajengipun ing pathet kaping tiga gunungan katancepaken miring nengen: Nanging wonten ugi aliran, kasebat klasik, ingkang suwalikipun: nanep miring nengen, jejeg, lan lajeng miring ngiwa. Ugi wonten ingkang tansah nancep miring nengen, saking wiwitaning pagelaran dumugi pungkasan.

Dening S.Soeprapto Rubrik Adiluhung Mekarsari KR minggu pahing 6 september 2009

Iklan

Tinggalkan Balasan

Isikan data di bawah atau klik salah satu ikon untuk log in:

Logo WordPress.com

You are commenting using your WordPress.com account. Logout / Ubah )

Gambar Twitter

You are commenting using your Twitter account. Logout / Ubah )

Foto Facebook

You are commenting using your Facebook account. Logout / Ubah )

Foto Google+

You are commenting using your Google+ account. Logout / Ubah )

Connecting to %s