SHOLATULLOH SALAMULLOH ‘ALA TOHA ROSULILLAH
SHOLATULLOH SALAMULLOH ‘ALA YASIN HABIBILLAH
Aku biyen ora ono
Lan Saiki dadi ono
Besok meneh ora ono
Podho bali maring Rahmatulloh
Ayo-ayo podho ngibadah
Mumpung isih ono uripe
Badan siji digowo mati
Ojo koyo kebo sapi
Luwih eco luwih Mulyo
Rasane wong ning suwargo
Patang puluh widodari
Kasur babut Karek Ngenggoni
Kursi gading ranjang kencono
Klambu sutro ditetes Inten
Cawisane wong kang ngabekti
Maring pangeran kang Maha suci
Luwih loro luwih susah
Rasane wong ning neroko
Klabang geni Ulo geni
Godho geni Rantai geni
Cawisane wong kang dosa
Gumampang maring pangeran
Ojo gumampang
Tinggal sembahyang
Ono tangis Kelayu-layu
Tangise wong wedi mati
Digedongono dikuncenono
Wong mati mongso wurungo
Getun temen
ngungun temen
Ngumur siji
ora guno
Sebab riya kelawan dengki
Ora Ngabekti marang kang moho suci
Ngumbar howo menuhi kang
Den pengini
Gede banget ganjarane
Wong ngibadah netepi jamaah
Karo lungguh ngenteni imame
Puji lan dzikir ing panggonane
Eling-eling siro manungso
Podho tobato sadurunge mati
Ojo tobat sakuwise mati
Ora den tompo pitobate
masyaAllah.. jadi ingat sewaktu ngaji di langgar dahulu semasa kecil
iya mas sugeng riyadi@ kalau anda asli Purwokerto, syi’iran inipun dari orang asal wilayah Banyumas, penerus silsilah thoriqoh kodiriyah naqsabandiyah, ibu org tersebut tinggalnya dipondok Thoriqoh sukaraja